Tuesday, May 21, 2013

Contoh Cerkak (Crito cekak) lan unsur intrinsik

48 comments

Buat yang lagi dapet tugas nyari cerkak (crito cekak) beserta unsur intrinsiknya. ni saya kasih. gratis tis tiss...tapi jangan lupa ya, tetep cantumin tuh alamat blog saya. Biar sah dan afdol begituu...
 langsung aja boleh di copas bro !!!

Sawah
Srengenge durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat golek pangan ninggalke anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntapke lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke. Mengkono uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang pasar. Padha nggendong tenggok munjung-munjung isi dagangan.

Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.

Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha kok malah mbales," wong loro terus padha ngguyu.

Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
"Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene nduk, wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus je!" "Wau sak derenge tindak kapurih sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedanten." "Mangan kuwi paling enak ki nek wis luwe ngene kiyi!"
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan wis sepuh isih katon gagah. Amarga olah ragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan.

Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker," durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso. "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae, dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa lara isa ora, iya ta? Jarene nek wong-wong ora udud, pabrik rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka rokok kuwi paling gedhe nduk? Lho, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah ta?" "Penjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah paru-parune mang raoske piyambak!" Suminah katon mrengut.

Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!" Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.

"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki." "Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu. "Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
Dina sing dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang dianggep mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca-kancane Mbah Wongso sing umure sak barakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapke ponakane saka kepolisian sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus-apus.

Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat. Wong lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso, nanging sing medhun nggawa tas koper lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi. Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan sing nggawa stopmap pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.

Wong-wong mau padha rembukan gayeng nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung domblang-domblong, ora mudheng apa sing diomongke. Ora wetara suwe sajake rembukan wis rampung. Nanging kabeh padha meneng.
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget. "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.

http://ki-demang.com
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos



 Unsur Intrinsik
1.      Tema                            : Mbah Wongso udur babagan sawah
2.      Latar                
(a) Latar Panggonan   : Sawah
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak
(b) Latar Wektu          : Esuk
Srengenge durung katon njedul, nanging semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang
(c) Latar Suasana        : Geger
"Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.

3.      Penokohan
(1) Mbah Wongso       : Ora gelem ngalah, gaul, seneng guyon
"Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.” , “"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele.
(2) Suminah                 : Sabar, perhatian
Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker,"
(3) Pawongan Wadon : Apik, ora grusa-grusu
"Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
(4) Pardi                       : Apik, seneng guyon
"Ooo...ya wis, bener Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales Mbah Wongso.

4.      Alur                               : Maju
(a) Eksposisi         : Pengenalan
“Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget. “

(b) Complication : Mulai ana masalah
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!" Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan semu gumun.

(c) Klimaks           : Puncake masalah
"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki." "Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.

5.      Sudut pandang             : Uwong ketelu sing perane kanggo pengamat
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.

6.      Amanat                         : Ojo waton ngengkel, ning ngengkelo nganggo waton !
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget. "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak! Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.


48 comments:

  1. Terimakasih :) sangat membantu

    ReplyDelete
  2. Terima kasih kembali broo atas kunjungannya :)

    ReplyDelete
  3. Makasih ya..
    mbantuin tugasku

    ReplyDelete
  4. Trims kak......
    sangat membaaaaannnnntttuuuuu......

    ReplyDelete
  5. Terimakasih kak, sudah saya cantumkan juga nama blognya, tapi boleh tau kapan cerkak ini dipotingkan?

    ReplyDelete
  6. Makasih kak, sangat membantu

    ReplyDelete
  7. matur nuwun, cak, sukses yoooo

    ReplyDelete
  8. matur suwun~
    oh iya ini pengarangnya siapa ya?

    ReplyDelete
  9. pengertiannya gannn

    ReplyDelete
  10. Matursuwun. Sangat membantu:)

    ReplyDelete
  11. Terimakasih kembali, semoga sangat bermanfaat buat semuanya :))
    jangan lupa cantumin alamat blog ya .

    ReplyDelete
  12. MAKASIH GAN ATAS POSTINGANNYA.... :D

    ReplyDelete
  13. makasih gan, sangat membantu dalam mengerjakan tugas bahasa jawa nih

    ReplyDelete
  14. unsur ekstrinsik cerkaknya apa ya min? mohon jawab

    ReplyDelete
  15. Cek kumpulan cerkak bahasa jawa disini juga ya gan
    http://kumpulan-cerkak.blogspot.co.id

    ReplyDelete
  16. assalamualikum kak kuliah swasta di Bandung jurusan apa kuliah dimana?
    kalo boleh tau.... ya kak....

    ReplyDelete
  17. Matur nuwun, mantul -mantap betul- sangat

    ReplyDelete
  18. Tambahen unsur ekstrinsik e mas

    ReplyDelete
  19. Kalau bisa ditambahkan sinopsisNya hehehe...

    ReplyDelete
  20. This comment has been removed by a blog administrator.

    ReplyDelete