langsung aja boleh di copas bro !!!
Sawah
Srengenge durung katon njedul, nanging semburat
abang ing sisih etan wus katon mbranang. Manuk-manuk pating bleber mangkat
golek pangan ninggalke anak-anake sing isih cilik-cilik, pating cruit nguntapke
lungane biyunge, kanthi pangarep-arep gek ndang mulih terus ngloloh dheweke.
Mengkono uga para manungsa kang duwe pakaryan bakul menyang pasar. Padha
nggendong tenggok munjung-munjung isi dagangan.
Kabeh padha ngajab, muga-muga laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok
kosong lan lembaran-lembaran rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang
sawah nggawa pacul sing disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip
amarga ing slempitane driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias
tingwe. Klempas-klempus sak dalan-dalan katon nikmat banget.
Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.
"Mruput, Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok
arep njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele. Mbah Wongso sanajan wis
tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
"Penjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula mboten aruh-aruh mengke
diarani cah enom mboten ngerti unggah-ungguh." "Ooo...ya wis, bener
Le..., la kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!"
Parjo mbales Mbah Wongso. "Dhahar gundulmu kuwi, diamput!! Kakekane...lha
kok malah mbales," wong loro terus padha ngguyu.
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran
pari sing wis merkatak. Sawise ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat,
ngadeg terus mbabati suket sak kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke
kanggo pakan wedhus. Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa
sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis
dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
"Sarapan rumiyin, Pak!" "Kene nduk, wah kebeneran banget.
Wetengku wis kluruk terus je!" "Wau sak derenge tindak kapurih
sarapan riyin mboten purun, wong nggih sampun mateng sedanten."
"Mangan kuwi paling enak ki nek wis luwe ngene kiyi!"
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengke tenan. Mula ora mokal sanajan
wis sepuh isih katon gagah. Amarga olah ragane macul ora tau leren lan dhahare
ya akeh tenan.
Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing
keri kuwi jan-jane wis dilarang dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun
dipun kirangi, nek saget malah mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen
bungkus rokok niku. Merokok dapat menyebabkan kanker," durung rampung wis
dipunggel Mbah Wongso. "Rak dapat menyebabkan jarene Pardi wingi kae,
dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi, isa lara isa ora, iya ta? Jarene nek
wong-wong ora udud, pabrik rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako
ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajek, jarene pajek saka
rokok kuwi paling gedhe nduk? Lho, piye? Aku udud iki rak membantu pemerintah
ta?" "Penjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel, mengke nek gerah
paru-parune mang raoske piyambak!" Suminah katon mrengut.
Ora let suwe sak rampunge Mbah Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro
lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro
mau terus nyelehke heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah.
"Nyuwus pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon
mau takon marang Mbah Wongso. "Kula!" semaure Mbah Wongso.
"Penjenengan nyewa saben niki dateng sinten?" "Lho, nyewa
pripun. Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa
tahun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku lho!" "Pak,
jenenge sertifikat!" Suminah njawil bapake. "Nggih ngoten niku!"
semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan
semu gumun.
"Sabar riyin, Mbah! Ngeten nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih
welas tahun kepungkur. Amargi kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing
gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki kula mboten merantau malih, kala wingi kula
madosi Prapto, kabaripun Prapto malah sampun tilar donya, mula kula nglacak
mriki." "Mboten saged, niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing
numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.
"Ngeten mawon, kula mboten ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon
sertifikate, kula tak sowan ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun
dipun sekseni perangkat desa, napa sinten mawon sing ngertos babagan
niki."
Dina sing dipilih kanggo rembukan wis teka. Mbah Wongso ngaturi para-para kang
dianggep mangerteni babagan sertifikat lemah. Neng kono ana kanca-kancane Mbah
Wongso sing umure sak barakan, sing mangerteni sejarah tanah sawahe Mbah
Wongso. Ing kono uga rawuh Pak RT lan Pak RW, malah wis disiapke ponakane saka
kepolisian sing nganggo preman, kanggo nyekel pawongan sing bakal apus-apus.
Ora let suwe ana mobil mlebu pekarangane Mbah Wongso. Penumpange cacah papat.
Wong lanang cacah telu lan wong wadone siji. Sing loro wis dikenal Mbah Wongso,
nanging sing medhun nggawa tas koper lan sing nggawa stopmap durung diwanuhi.
Tibake sing nggawa tas koper pakaryane pengacara lan sing nggawa stopmap
pegawai sing ngurusi sertifikat lemah.
Wong-wong mau padha rembukan gayeng nganggo bahasa Indonesia. Mbah Wongso mung
domblang-domblong, ora mudheng apa sing diomongke. Ora wetara suwe sajake
rembukan wis rampung. Nanging kabeh padha meneng.
"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta sertipikat sing asli? Lha wong dituku
nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak rewangi adol sapi pirang-pirang arep
diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah Wongso katon yakin banget.
"Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking bapak-bapak ingkang
mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun ingkang asli menika
e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau menehi keterangan.
"Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada rembugan nganggo
bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak!
Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.
http://ki-demang.com
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
Unsur Intrinsik
1. Tema :
Mbah Wongso udur babagan sawah
2. Latar
(a) Latar Panggonan : Sawah
“Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake
pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak”
(b) Latar Wektu : Esuk
“Srengenge durung katon njedul, nanging
semburat abang ing sisih etan wus katon mbranang”
(c) Latar Suasana : Geger
"Mboten saged, niki riyin nggih
sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!"
Mbah Wongso katon arep nesu.
3. Penokohan
(1) Mbah Wongso : Ora gelem ngalah, gaul, seneng guyon
“"Mboten saged, niki riyin nggih
sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng apus-apus!"
Mbah Wongso katon arep nesu.” , “"Mruput,
Mbah! Tindak sabin?" "Genah nggawa pacul ngono, mosok arep
njagong!" semaure Mbah Wongso sakkecekele.”
(2) Suminah : Sabar,
perhatian
“Bar dhahar terus ngunjuk benteran
ginastel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi jan-jane wis dilarang
dening anake wadon. "Pak, mbok ses-ipun dipun kirangi, nek saget malah
mboten sah udud mawon, cobi njenengan waos nggen bungkus rokok niku. Merokok
dapat menyebabkan kanker," ”
(3) Pawongan Wadon : Apik, ora grusa-grusu
"Ngeten mawon, kula mboten
ajeng apus-apus. Benjang Sabtu dicocoke mawon sertifikate, kula tak sowan
ndalem penjenengan. Nek penjenengan ragu, nyuwun dipun sekseni perangkat desa,
napa sinten mawon sing ngertos babagan niki."
(4) Pardi : Apik,
seneng guyon
"Ooo...ya wis, bener Le..., la
kowe gek nyapu?" "Mboten, Mbah. niki nembe dhahar!" Parjo mbales
Mbah Wongso.
4. Alur :
Maju
(a) Eksposisi : Pengenalan
“Kabeh padha ngajab, muga-muga
laris, entek dagangane, mulih kari nggawa tenggok kosong lan lembaran-lembaran
rupiah. Esuk kuwi, Mbah Wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing
disampirke ing pundhake. Tangane kiwa katon kelip-kelip amarga ing slempitane
driji ana mawane, mawa rokok lintingan dhewe alias tingwe. Klempas-klempus sak
dalan-dalan katon nikmat banget. “
(b) Complication : Mulai ana masalah
“Ora let suwe sak rampunge Mbah
Wongso dhahar, saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor
nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso. Wong loro mau terus nyelehke heleme terus
mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah. "Nyuwus pirsa, ingkang nggarap
sabin niki sinten, Mbah?" wong wadon mau takon marang Mbah Wongso.
"Kula!" semaure Mbah Wongso. "Penjenengan nyewa saben niki
dateng sinten?" "Lho, nyewa pripun. Sampeyan ampun golek perkara,
niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa tahun kepengker! Malah wonten surate,
surtipikat niku lho!" "Pak, jenenge sertifikat!" Suminah njawil
bapake. "Nggih ngoten niku!" semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau pada ulat-ulatan
semu gumun.”
(c) Klimaks : Puncake masalah
“"Sabar riyin, Mbah! Ngeten
nggih, sabin niki sabin kula. Kula tumbas kalih welas tahun kepungkur. Amargi
kula merantau, kula ken nggarap tiyang sing gadhah riyin, jenenge Prapto. Niki
kula mboten merantau malih, kala wingi kula madosi Prapto, kabaripun Prapto
malah sampun tilar donya, mula kula nglacak mriki." "Mboten saged,
niki riyin nggih sawahe Prapto, ning sing numbas kula! Sampeyan mesti ajeng
apus-apus!" Mbah Wongso katon arep nesu.”
5. Sudut
pandang :
Uwong ketelu sing perane kanggo pengamat
“Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake
pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise
ngentekke udute, Mbah Wongso terus mak nyat, ngadeg terus mbabati suket sak
kiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukke kanggo pakan wedhus. Udakara jam
sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing
ginasthel, legi panas tur kenthel. Kringet wis dleweran, weteng ya wis pating
kluthuk njaluk diisi.”
6. Amanat :
Ojo waton ngengkel, ning ngengkelo nganggo waton !
“"Pripun, Bu? Rak nggen kula ta
sertipikat sing asli? Lha wong dituku nganggo dhuwit tenan, mbiyen tak rewangi
adol sapi pirang-pirang arep diaku-aku, mesthi nggen kula sing asli," Mbah
Wongso katon yakin banget. "Ngeten nggih, Mbah. Niki pun disekseni saking
bapak-bapak ingkang mangertos babagan niki, babagan sertifikat, tibakipun
ingkang asli menika e...e..., gadhahan kula, Mbah!" pawongan wadon mau
menehi keterangan. "Pripun!!! Napa leres, Pak?" wong-wong sing pada
rembugan nganggo bahasa Indonesia mau padha manthuk alon.
Nanging kanggona Mbah Wongso kaya disamber nggelap. "Pak!!! Eling, Pak!
Pak..." Suminah mbengok-mbengok amarga bapake semaput.”